KIDUNG JAWA


PATHOK-PATHOK KUBURAN


Pathok – Pathok …
Putih lan Ireng ..
Sumebhar ana endhi-endhi
Ing ngisore wit trembesi

Pathok… pathok ing kuburan iki
Aku mbesuk yo bakal ana kana
Nyusul sliramu sung wis sowan Gusti Kang Maha Kuwasa
Yen wengi tansaya endahmu kena sinare rembulan

SEPI MAMRING

Sepi mamring
Aku mlebu omahmu
Sing katon mung pathok-pathok putih
Jejer – jejer kaya iwak pindhang
Dipayungi wit jambu klutuk
Lan wit apa aku ra weruh jenenge
Ambune kembang wangi semebrit


BULAN ING KUBURAN

Bulan ing kuburan
Saka kadohan katon gagah
Pathok putih tansaya nambahi endhae
Kena sunare Hyang Bagas Kara

Bulan ing kuburan
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kedadeyan ing donya iki

Wiwit cilik nganti sakpatine.

Comments

Popular posts from this blog

Cara Menghitung Neton Hari Kematian Seseorang - NEPTU DINO PASARAN

PRANATA CARA DAN PAMEDHAR SABDA BOSO JAWI SMA NEGERI 2 TRENGGALEK DIWISUDA

Legenda Guwa Akbar Dalam Bahasa Jawa